Para Ratuning Dhedhemit Ing Nusa Jawi

DHANGHYANGAN
[Para Ratuning Dhedhemit Ing Nusa Jawi]

Pupuh Sinom:

1. Apuranen sun angetang, lelembut ing nusa Jawi kang
rumeksa ing nagara, para ratuning dhedhemit, agung
sawahe ugi yen eling sadayanipun, pedah kinaya tulah,
ginawe tunggu wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi
tawa.

2. Kang rumiyin ing bang wetan. Durganeluh Maospahit
lawan Raja Bohureksa iku ratuning dhedhemit Blambangan
kang winarni awasta Sang balabatu, aran Butalocaya,
kang rumeksa ing Kadhiri, Prabuyeksa kang rumeksa
Giripura.

3. Sidagori ing Pacitan, Kaduwang si Klenthingmungil
Endrayaksa ing Magetan, Jenggala si Tujungputih,
Prangmuka Surabanggi. Pananggulang Abur-abur Sapujagad
ing Jipang, Madiyun si Kalasekti, pan si Koreb
lelembut ing Pranaraga.

4. Singabarong Jagaraga, Majenang Trenggilingwesi,
Macan guguh Garobogan, Kalajangga Singasari, Sarengat
Barukuping Balitar si Kalakatung, Butakurda ing Rawa,
Kalangbret si Sekargambir, Carub-awor kang rumekso ing
Lamongan.

5. Gurnita ing Puspalaya, si Lempur ing Pilangputih,
si Lancuk aneng Balora, Pagambiran Kalasekti,
Kedhunggene Ni Jenggi, Ki Bajangklewer puniku
ngLangsem Kalabrahala Sdayu si Cicingmurti, Ki
Jalangkah ing Candi Kahyanganira.

6. Semarang Baratkatiga, Pakalongan Gunturgeni,
Pecalang si Sambangyuda, Sarwaka ing Sukawati ing
Padhas Nyai Ragil, Jayalelana ing Suruh
Butatrenggiling Tegal, ing Tegal si Guntinggeni,
Kaliwungu Gutukapi kang rumeksa.

7. Magelang Ki Samaita, Dhadhungawuk Geseng nenggih,
Butasalewah ing Pajang, Manda-manda ing Matawis,
Paleret Rajekwesi, Kuthagede Nyai Panggung, Pragota
Kartasura, Cirebon Setankoberi, Jurutaman ingkang
aneng Tegallayang.

8. Genawati ing Seluman, Ki Kemandhang Wringinputih,
si Karetek Pajajaran, Sapuregel ing Betawi, Ki Drusul
ing Banawi, ingkang aneng Gunung Agung, Ki Tlekah
ngawang-awang Ki Tapa ardi Marapi, Ni Taruki ingkang
ana Tunjung Banag.

9. Setan kareteg ing Kendal, Pamasuhan Sapuangin,
Kresnapada ing Rangkudan, Ni Pandansari ing Srisig,
kang aneng Wanapeti, Palangkaarsa wastanipun, Ki
Candung ing Sawahan, Plabuhan Ki Dudukwarih,
Batutukang kang aneng Palayangan.

10. Ni rara Aris ing Bawang, ing Tidar Ki Kalasekti,
Ki Padureksa Sundara Ki Jalela ardi Sumbing,
Ngungrungan Kesbumurti, Ki Krama ardi Rebabu,
Nirbangsan ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir,
Ajidipa gunung Kendheng kang den reksa.

11. Ing Pasisir Butakala, ing Tlacap si Kalasekti,
Kalanadhah ing Banyumas, Sigaluh aran Prenthil
Banjaran Ki Wewasi Kyai Korog ing Lowanu, gunung Duk
Geniyara, Nyai Bureng Parangtritis, Drembamoha ingkang
aneng Prabalingga.

12. Ki Kerta Sangkalbolongan, Kedhungandhong
Winongsari ing Jenu Ki Karungkala, ing Pengging
Banjaransari, ing Kedhu kang nenggani, anamaa Ki
Candralatu, Gunung Kendhalisada Kethekputih kang
nenggani, Butaglemboh ing Ayah kahyanganira.

13. Ni Rara Dhenok ing Dewak, ing Tubin Nyai
Bathithing ing Kuwu Ki Juwalpayal, si Jungkit ing
Guyanag nenggih, Trenggalek Ni Daruni, Tunjungseta
Cmarasewu, Kalawadung Kenthongan, Jepara Ki
Wanengtaji, Bagus Anom ing Kudus kahyanganiraa.

14. Magiri Ki Manglarmonga, ing Gading Ki Puspasari
Ketanggung Ki Klanthungwelah, Brengkalan si banaspati,
Ni Kopek ing Manolih, ing tengah si Sabukalu,
Nglandhak Ki Mayangkara, si Gori Kedhungcuwiri,
Baruklinthing ingkang ana ing Bahrawa.

15. Sunan Lawu ing Argapura, ing Bayat si Puspakati,
Cucukdandang ing Kartikan, kulawarga Tasih Wedhi, kali
Opak winarni, Sanggabuwana ranipun, si Kecek
Pajarakan, Cingcinggoling Kaliwening, ing Dhahrama
Ulawelang kang rumeksa.

16. Kang aneng Kayulandheyan, Ki Daruna Ni Daruni,
Bagus Karang aneng RobanSungujaya Udanriris,
Sidarangga Dalepih, si Gadhung Kedhunggarunggung, kang
neng Bajanegara, Citranaya kang nenggani, Genapura
kanaan aneng Majapura.

17. Ki Logenjang ing Juwana, ing Rembang si Bajulbali,
Ki Lender ing Wirasaba, Madura Ki Butagrigis, kang
ngreksa ing Matesih Jaranpanolih ranipun, Ki Londir
Pacangakan, si Landhep ing Jataisari, Ondar-andir
ingkanag aneng Jatimalang.

18. Arya Tiron ing Lodhaya, Sarpaabangsa aneng Pening,
Perangtandanag ing Kasanga, ing Crewek Ki Mandamandi
setan telagapasir, ingkang aran Ki Jalingkung,
Kalanadhah ing Tuntang, Bancuri Kalabancuri, kang
rumekso sukune ardi Baita.

19. Ragadungik Randhulawang, ing Sendhang Retna
Pengasih Butakapaa ing Prambanan, Bok Sampurna ardi
Wilis, Raden Galinggangjati kang rumeksa Gajahmungkur,
si Gendruk ing Talpegat, Ngembet Raden Panjisari,
Pagerwaja kang aran Udakusuma.

20. Ki Penthul ing Pakacangan, Cangakan si
Dhodhotkawit kalangkung ing sektinira, titihane kudha
putih, cakra payungireki lar waja kekemulipun, pan
sami rinajegan, respati rajege wesi, camethine
pat-upate ula lanang.

21. Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak
bali mengetan mangidul, panyaberneki, lara prapta
ambalik, tinulak bali mangidul ngulon banyabetira ana
lara teka bali, pan tinulak mangulon bali kang lara.

22. Mangalor panyabetira, ana lara teka bali, mangalor
balitinulak anulya nyabet manginggil, lara prapta
ambalik tinulak bali mandhuwur nulya nyaber
mangandhap, ana lara teka bali, pan tinulak larane
bali mangandhap.

23. Dhemit kang aneng Jepara, lan dhemit kang aneng
Pati kalangkung kasektenira, Juweyawastanireki, Gus
rema Tambaksuli, Kudhapeksa ing Delanggung, Ki
Klunthung Ringinpethak, Ni Gambir ing Glagahwangi, si
Kacubung Kadilangu kang den reksa.

24. Ni Duleg ing Pamancingan, Guwa langse Nini
Suntring, kang rumeksa Parangwedang raden Arya
Jayengwesti, kabeh urut pasisir, kulawarga Nyai Rara
Kidul, sampun pepak sadaya, paraa ratuning dhedhemit,
nusa Jawa pangeran kang rumeksa.

Tidak ada komentar: